Lirik lagu Kh Ali Maksum Eling-eling Siro Manungso
Gabung member, untuk simpan koleksi lirik lagu favorit anda Disini
 
lirik-lagu.net
Eling-eling siro manungso
nemenono gonmu ngaji
mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati

wak-awak wangsulono
Pitakonku marang siro
Seko ngendi siro iku
Menyang endi tujuanmu

Kulo gesang tanpo nyono
Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane Kang Kuoso
Gesang kulo mung sak dermo

Gesang kulo sak meniko
Inggih wonten ngalam dunyo
Dunyo ngalam kerameyan
Isine apus-apusan

Yen sampun dumugi mongso
nuli sowan Kang Kuoso
Siang ndalu sinten nyono
Jer manungso mung sak dermo

Urip dunyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine
Mung ngamal becik sangune

Sowanmu mring Pengeranmu
sopo kang dadi kancamu
sarto opo gegawanmu
kang nyelametke mring awakmu

Kulo sowan maring Pengeran
Kulo ijen tanpo rowang
tanpo sanak, tanpo kadang
bondo kulo katilaran

Yen menungso sampun pejah
uwal saking griyo sawah
najan nangis anak simah
nanging kempal mboten betah

Senajan bebondo-bondo
morine mung sarung ombo
Anak, bojo, moro tuwo
yen uwis ngurug banjur lungo

Yen urip tan kabeneran
Bondo kang sapirang-pirang
ditinggal dinggo rebutan
anake podo klereran

Yen sowan Kang Moho Agung
ojo susah, ojo bingung
janji ridlone Pengeran
udinen nganggo ngamalan

Ngamal soleh ora mung siji
dasare waton ngabekti
nderek marang Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullahi

Mbangun turut ing wong tuwo
sarto becik maring tonggo
welaso sak podo-podo
mulango marang ing popo-popo

Yen ngendiko ngati-ati
ojo waton angger muni
Raqib ‘Atid kang nulisi
Gusti Allah kang ngadili

Ojo dumeh sugih bondo
yen Pengeran paring loro
bondo akeh tanpo guni
dokter mung ngereko doyo

Mulo mumpung siro sugih
tanjakno jo wigah-wigih
darmo jo ndadak ditagih
tetulung jo pilih-pilih

Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
sanakmu mung biso dungo

Mumpung siro isih gagah
mempengo nyengkut jo wegah
Mongko siro yen wis pikun
ora nelongso karo gettun

Mulo kondo do elingo
uripmu sing ngati-ngati
mung sepisan ono dunyo
yen wus mati ora bali

Gusti Allah wis nyawisi
Islam agomo sejati
tatanan kang anyukupi
lahir batin kang amumpuni

Kitab Qur’an kang sampurno
tindak Nabi kang pertelo
sinaunen kang pramono
sing sregep lan ojo dleyo

Duh Allah Kang Moho Agung
mung Paduka maringi
ngibadah kelawan pitulung
mergi leres kang mungkasi

Amin amin amin amin
ya Allah Rabbal ‘alamin
mugi Paduko ngabulno
sedoyo penyuwun kulo

lirik-lagu.net
Gabung member, untuk simpan koleksi lirik lagu favorit anda Disini


Sumber & Catatan Lirik

Lirik lagu ini disusun berdasarkan sumber yang tersedia di internet untuk tujuan referensi dan edukasi. Jika kamu ingin mengetahui info lebih lanjut tentang pencipta ataupun penyanyinya, silakan klik tautan di bawah ini:

Tautan di atas akan membuka hasil pencarian Google tentang pencipta dan penyanyi dari lagu ini.

Tags :
lirik lagu Eling-eling Siro Manungso Kh Ali Maksum, lirik lagu Kh Ali Maksum Eling-eling Siro Manungso, lirik Eling-eling Siro Manungso Kh Ali Maksum, lirik Kh Ali Maksum Eling-eling Siro Manungso, Kumpulan lirik lagu Kh Ali Maksum terlengkap, Kumpulan lirik lagu Qosidah & Musik Religi terlengkap, Kumpulan lirik lagu Qosidah & Musik Religi Kh Ali Maksum terlengkap, Download Lirik Lagu Eling-eling Siro Manungso Kh Ali Maksum, Chord dan Lirik Lagu Eling-eling Siro Manungso Kh Ali Maksum, Terjemahan Lirik Lagu Eling-eling Siro Manungso Kh Ali Maksum,Kh Ali Maksum Qosidah & Musik Religi - Lirik Lagu Eling-eling Siro Manungso, Profil Kh Ali Maksum dan Lagu Eling-eling Siro Manungso, Genre Qosidah & Musik Religi - Lirik Lagu Eling-eling Siro Manungso Kh Ali MaksumEling-eling Siro Manungso
  Kh Ali Maksum   Reposted by Admin  6x     Wednesday, 29-07-2026
Share :
 
Facebook Twitter Google + Linkedin Instagram