Lirik lagu Lya Agista Nagih Janji
Gabung member, untuk simpan koleksi lirik lagu favorit anda Disini
 
Kelingan Rikolo Urip Bebarengan
Bungah Susah Kabeh Ra Dadi Halangan
Senadyan Sedino Mung Mangan Sepisan
Ati Seneng Anggone Urip Bebrayan

Nanging Saiki Urepmu Uwes Mulyo
Banjur Lali Rikolo Jaman Semono
Mangan Penak Turu Penak Kerjo Penak
Jor Lali Marang Aku Sing Ngrumat Anak

Tego Tenan Sliramu Marang Awakku
Mbok Tinggal Lungo Suwe Opo Dayaku
Saiki Tak Tagih Neng Janji Janjimu
Lali Aku Ojo Ngelali Anakmu

Anakmu Saiki Wes Gede Gede
Pengen Nyuwun Pirso Sopo To Bapake
Udan Tangis Atiku Tambah Nelongso
Neng Atiku Kok Malah Mbok Sio Sio

Yo Pancen Wes Suwe Anggonku Lungo
Nggonku Urip Ngadu Nasib Ono Kuto
Aku Ninggal Anak Bojo Lan Wong Tuwo
Urip Ning Deso Tansah Keloro Loro

Pancen Saiki Uripku Uwes Mukti
Nanging Ojo Mbok Anggep Aku Wis Lali
Jroning Ati Mung Tansah Ono Sliramu
Luweh Luweh Dadi Sumpah Jroning Atiku

Pancen Wes Dadi Sumpah Jroning Atiku
Yen Durung Biso Keturutan Karepku
Aku Ra Bakal Lali Mring Wekasanmu
Mung Tak Jaluk Sabar Ngenteni Tekaku

Yen Anakmu Takon Sopo Bapake
Kuwi Kabeh Ngunu Wes Ono Benere
Kandanono Aku Iseh Nyambut Gawe
Nggo Mulyake Anakmu Klawan Kowe
Nggo Mulyake Anakmu Klawan Kowe

Gabung member, untuk simpan koleksi lirik lagu favorit anda Disini


Tags :
lirik lagu Nagih Janji Lya Agista, lirik lagu Lya Agista Nagih Janji, lirik Nagih Janji Lya Agista, lirik Lya Agista Nagih Janji, Kumpulan lirik lagu Lya Agista terlengkap, Kumpulan lirik lagu Viral terlengkap, Kumpulan lirik lagu Viral Lya Agista terlengkap
  Lya Agista   Reposted by Admin  283x    
Share :
 
Facebook Twitter Google + Linkedin Instagram