Lirik lagu Langgam Jawa Podhang Kuning Mawi Bawa
Download aplikasi lirik lagu terlengkap Disini (Android)
 
Bawa;
Nadyan Wujute Mung Peksi..
Agawe Talining Branta
Alus Manis Tur Mrak Ati..
Wus Suwe Nggonku Lelana
Nggoleki Si Podhang Jenar
Iba Bungah Ing Atiku...
Nyandhing Bisa Dadi Tamba
Lagu;
Esuk Awan Ning Omah Wis Ora Krasan
Keluyuran Anggoleki Seng Tak Sayang
Mubeng Mubeng Mider Anggonku Mideri
Ora Krasa Esuk Awan Nganti Bengi

Eman Eman Yen Nganti Liya Kang Nyayang
Kleyang Kleyang Tak Sawang Mencok Ning Epang
Gegancangan Tak Rindik Saka Kadohan
Sarwi Ngoceh Dheweke Ngalih Pencokan

Ela Kae Tak Suwun Mbok Aja Ngece
Podhang Kuning Agawe Pikirku Koming
Seret Ireng Tak Sawang Tambah Manise
Iba Bungah Yen Klakon Nyandhing Slirane

Ora Bakal Atiku Kegiwang Liyan
Yen Si Podhang Andudut Ati Kepranan
Ora Mendha Atiku Sangsaya Ndadra
Tak Sranani Sun Pikat Pulute Bendha
Download aplikasi lirik lagu terlengkap Disini (Android)


Tags :
lirik lagu Podhang Kuning Mawi Bawa Langgam Jawa, lirik lagu Langgam Jawa Podhang Kuning Mawi Bawa, lirik Podhang Kuning Mawi Bawa Langgam Jawa, lirik Langgam Jawa Podhang Kuning Mawi Bawa, Kumpulan lirik lagu Langgam Jawa terlengkap, Kumpulan lirik lagu Viral terlengkap, Kumpulan lirik lagu Viral Langgam Jawa terlengkap
  Langgam Jawa   Writed by Admin  219x    
Share :
 
Facebook Twitter Google + Linkedin Instagram