Lirik lagu Rumekso Ing Wengi
Download aplikasi lirik lagu terlengkap Disini (Android)
 
Ana Kidung Rumekso Ing Wengi
Teguh Hayu Luputa Ing Lara
Luputa Bilahi Kabeh
Jim Setan Datan Purun
Paneluhan Tan Ana Wani
Niwah Panggawe Ala
Gunaning Wong Luput
Geni Atemahan Tirta
Maling Adoh Tan Ana Ngarah Ing Mami
Guna Duduk Pan Sirno

Sakehing Lara Pan Samya Bali
Sakeh Ngama Pan Sami Mirunda
Welas Asih Pandulune
Sakehing Braja Luput
Kadi Kapuk Tibaning Wesi
Sakehing Wisa Tawa
Sato Galak Tutut
Kayu Aeng Lemah Sangar
Songing Landhak Guwaning
Wong Lemah Miring
Myang Pakiponing Merak

Pagupakaning Warak Sakalir
Nadyan Arca Myang Segara Asat
Temahan Rahayu Kabeh
Apan Sarira Ayu
Ingideran Kang Widadari
Rineksa Malaekat
Lan Sagung Pra Rasul
Pinayungan Ing Hyang Suksma
Ati Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku Ya Musa

Napasku Nabi Ngisa Linuwih
Nabi Yakup Pamiryarsaningwang
Dawud Suwaraku Mangke
Nabi Brahim Nyawaku
Nabi Sleman Kasekten Mami
Nabi Yusuf Rupeng Wang
Edris Ing Rambutku
Baginda Ngali Kuliting Wang
Abubakar Getih Daging Ngumar Singgih
Balung Baginda Ngusman

Sumsumingsun Patimah Linuwih
Siti Aminah Bayuning Angga
Ayup Ing Ususku Mangke
Nabi Nuh Ing Jejantung
Nabi Yunus Ing Otot Mami
Netraku Ya Muhammad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun Pepak Sakathahe Para Nabi
Dadya Sarira Tunggal.
Download aplikasi lirik lagu terlengkap Disini (Android)


Tags :
lirik lagu Rumekso Ing Wengi , lirik lagu Rumekso Ing Wengi, lirik Rumekso Ing Wengi , lirik Rumekso Ing Wengi, Kumpulan lirik lagu terlengkap, Kumpulan lirik lagu terlengkap, Kumpulan lirik lagu terlengkap, Download Lirik Lagu Rumekso Ing Wengi , Chord dan Lirik Lagu Rumekso Ing Wengi , Terjemahan Lirik Lagu Rumekso Ing Wengi , - Lirik Lagu Rumekso Ing Wengi, Profil dan Lagu Rumekso Ing Wengi, Genre - Lirik Lagu Rumekso Ing Wengi Rumekso Ing Wengi
  Tidak Diketahui   Writed by Admin  705x     Saturday, 12-02-2022
Share :
 
Facebook Twitter Google + Linkedin Instagram