Lirik Lagu Bapak Didi Kempot
Wis Malih Rupane
Ireng Dadi Putih Saikine
Dino Tambah Dino
Umur Tambah Tuwo
Nanging Koyo-koyo Ora Diroso
Ngadeg Dadi Jagad
Nyonggo Piringe Anak
Mempeng Kerjo Ora Mikir Rogo
Paribasan Umur
Wis Akeh Cacahe
Nganti Bingung Anggonku Ngitunge
Bapak...bapak... Tekadmu Kuwi Tak Puji
Bapak...bapak... Kowe Koyo Senopati
Bapak...bapak... Panasmu Ngungkuli Geni
Bapak...bapak... Keno Angin Soyo Ndadi
Senajan Uwis Tuwo
Nekad Mempeng Kerjo
Nyambut Gawe Kanggo Nguripi Kluargo
Bapak... Snajan Umurmu Wis Tuwo, Nanging Tekadmu Biso Dadi Tulodho, Aku Anakmu Mung Biso Memuji Mugo-mugo Bapak Tansah Pinaringan Bagas Waras Saking Gusti Kang Moho Kuwoso, Kulo Pak, Anak Sampean
Sumber & Catatan Lirik
Lirik lagu ini disusun berdasarkan sumber yang tersedia di internet untuk tujuan referensi dan edukasi. Jika kamu ingin mengetahui info lebih lanjut tentang pencipta ataupun penyanyinya, silakan klik tautan di bawah ini:
Tautan di atas akan membuka hasil pencarian Google tentang pencipta dan penyanyi dari lagu ini.
post a comment